Lomba Sesorah Lan Tari Guru SLB Sa Bantul

Admin | Kamis, 24 November 2016 09:26

Bantul, www.jogjatv.tv Mengeti Hari Guru Nasional, Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Sekolah Luar Biasa Kabupaten Bantul nggelar maneka kridha. Dinten Selasa (22/11) siyang dipun gelar lomba sesorah lan tari kreasi guru SLB sa Bantul. Puluhan pamupu saking 18 SLB ing Bantul tumut mupu lomba punika.Puluhan pamupu nedahaken kasagetanipun ing Sekolah Autis Bina Anggita, Banguntapan, Bantul.

Sinaosa para pamupu lomba lair lan mapan ing Pulo Jawa nanging katingalipun kirang wasis anggenipun sesorah kepara ugi wonten ingkang kirang trep anggenipun matur.

Ketua MGMP SLB Bantul, Hartati, mratelakaken, lomba sesorah lan tari kreasi baru sengaja dipun gelar kangge mengeti Hari Guru ngiras kangge memetri seni lan budaya adiluhung tilaranipun leluhur. Kajawi punika, guru kaajab pana bab undha usuking basa supados saged mucal siswa kanthi leres satrep kaliyan materi pelajaran. ( Anang Zainuddin )

Artikel Terkait

Warga Pertanyakan Status Tanah

22 November 2016 14:58

Sosialisasi Amnesti Pajak Untuk UMKM

22 November 2016 14:57

Layanan Ojek Pengantar Barang Bukti

22 November 2016 14:55