Pagelaran Ringgit Tiyang Gagrag Ngayogyakarta

Admin | Jumat, 23 Oktober 2015 19:49

Yogyakarta,www.jogjatv.tv Kanthi ancas kangge nepangaken kagunan seni budaya dhateng wiranem, Dinas Pariwisata Dan Kebudayaan Kota Yogyakarta ngadani pagelaran ringgit tiyang gagrag ngayogyakarta, ing pendhapi Tamansiswa, malem jemuwah (22/10)kalawingi.

Pagelaran ringgit tiyang dipun paragani dening paguyuban Suryo Kencono, mbabar lampahan Pendawa Ruwat ingkang damel keprananipun para pamirsa.

Miturut Kasi Pembinaan Dan Pengembangan Pelaku Pariwisata Kota Yogyakarta, Suparno ancasipun ngadani pagelaran ringgit tiyang gagrag Ngayogyakarta kangge ngajak wiranem supados greget ngleluri kagunan budaya adiluhung amrih boten kadhesuk pangrembakaning jaman globalisasi samangke.

Pagelaran ringgit lampahan pendawa ruwat , sadanguning 2 jam kasebat ugi minangka panuwunan supados sedaya perkawis nagari saged tumuli ingudharan . ( Twin Kumilah )

Artikel Terkait

Apel Lan Kirab Hari Santri

22 Oktober 2015 20:20

Apel Pengetan Hari Santri Nasional

22 Oktober 2015 20:18

Kirab Budaya Soropaten

22 Oktober 2015 20:16